Unggah ungguh
basa iku kaperang dadi loro :basa ngoko lan basa krama.basa ngoko lan krama
kaperang dadi loto uga: basa ngoko lugu(wantah) lan basa ngoko alus(andhap)
sarta basa krama lugu (madya) lan basa krama alus (inggil).
a. Ngoko lugu (wantah)
Yaiku basa
sing tembung tembunge ing sajrone ukara minggunake tembung ngoko kabeh, tanpa
kecampuran tembung krama utawa krama inggil.
Titikan/ciri-cirine basa ngoko lugu (wantah) :
Tembung : - tembung -tembunge ngoko kabeh
-ater ater lan panambang ira di.
kramakake
Kanggone:
1. Omongane bocah podo bocah (sapantaran)
Tuladha: aku nyelang stipone, ya!
2. Omingane bapak ibu /wong tuwa marang bocah/anake
Tuladha: bubar sekolah enggala mulih, ojo dolan dhisik!
3. Omongane guru marang murid
Tuladha: sinaua sing sregep cah, ujiane wis cedhak lho!
4. Omongane wong tuwamarang wong enom
Tuladha: dhik, kapan bisa dolan bareng maneh!
5. Omongane bendara/juragan uga anak-anake marang rewange
(pembantune)
Tuladha: mbok, budhala menyang pasar saiki!
6. Omongane wong ngunandika (grenengan)
Tuladha: wah wis gak main, bolak-balik di kongkoni wae!
7. Omongane bocahcilik sing durung bisa imong cetha/ora teteh
Tuladha: dhe, kowe mau tuku opo?
b. Ngoko alus (andhap)
Yaiku basa
kang tetembungane ngoko, nanging kecampur temvung krama inggil, tumrap di ajak
guneman (wong kapindho) utawa wong sing di gunem (wong katelu). Dene ater ater
lan panambange tetep ngoko/ora di kramakake.
Tiitkane/ciri cirine basa ngoko alus (andhap) :
Tembung :- tembunge ngoko, nanging kecampur tembung krama inggil
-kang di kramakake inggil yaiku tembung kang ngandhakake :
perangane awak, sandhangan sarta kriyane (wong seng di ajak guneman utawa
wong sing di gunem).
-ater ater lan panambange ngoko/ora di kramakake
- tembung 'aku' ajeg/tetep dadi 'aku'
-tembung 'kowe' owah dadi 'panjenengan' utawa 'sliramu'
Kanggone:
1. Wong tuwa marang wong enom kang duwe
kalungguhan/derajat/pangkat dhuwur
Tuladha: dhahare mengko ing ngomah apa ing kantor, jeng?
2. Sapadha-padha umure utawa pagaweane, kang padha dene ngajeni,
Tuladha: wingi nitih becak saka tindak ngendi?
3. Wong tuwa marang wong enom, kang wis suwe ora tau ketemu
Tuladha: suwe banget ora nate ketemu, sliramu ana ngendi saiki?
4. Wong wadon (bojo wadon) marang kakunge (bojo lanange)
Tuladha: mas, panjenengan sida tindak jam pira?
5. Priyayi marang priyayi kang wis kulina banget
Tuladha: taun ngarep iki panjenengan apa sida tindak haji?
c. Krama lugu (madya)
Yaiku basa
sing tembung tembunge ing sajrone ukara migunakake tembung krama kabeh,
tanpa kacampuran krama inggil.
Titikan/ciri cirine basa krama lugu (madya) :
Tembung :-tembung tembunge krama ora kecampur krama inggil
- ater ater lan panambang di kramakake
-tembung ku owah dadi kula
-tembung kowe owah dadi sampeyan
Kanggone
1. Omongane kanca padha kanca sing durung kulina
Tuladha: cak to, kula mangke ajeng mancing, sampeyan
napa tumut?
2. Omongane wong tuwa marang wong enom sing durung kulina
Tuladha:nak, sampeyan napa ajeng wangsul sakmenika!
3. Omongane wong marang tepungan anyar (ing pasar, terminal)
Tuladha: lik, mangga tumut colt kula, niki pun enggal bidhal
kok!
4. Omongane tenaga kasar marang juragane
Tuladha: bos, lare larewau dereng nedha sedaya!
5. Omongane batur marang juragane
Tuladha: bu, niki pun siyang, sampeyan siyos kesah jam
pinten?
d. Krama alus (inggil)
Yaiku basa
sing tembung tembunge ing sajrone ukara migunakake tembung krama lan kecampuran
krama inggil.
Titikan/ciri cirine basa krama alus (inggil) :
Tembung : - tembung tembunge krama kecampur krama inggil
-ater ater lan panambang di kramakake
- tembung aku owah dadi kula
- tbung kowe owah dadi panjenengan
- kang di kramakake inggil: perangane awak, sandhangan, lan
kriyane wong sing di ajak guneman lan wong sing di gunem
Tidak ada komentar:
Posting Komentar